
Seng sejatine durung pantes umur semono nyanyi bangsane lagune ST12, kangen band, ungu, dangdut koplo, malah nganti apal -nglothok- istilahe. Opo bocahe mudeng arti lirike, mbuh kuwi aku ora tekok. Terus seng marai bocahe iso apal lagu cinta-cintaan sopo ? Lha kuwi nyalahke sopo angel. . Tivi, media, wong tuwone. Nah sopo seng gelem disalahke ?? Padahal jaman mbah-mbahane dewe seng jenenge tembang dolanan khusus kanggo bocah kuwi wes ono. Bahkan lirik / isine gur ora seneng-seneng tok. Tapi yo ono nasehat, petuah, sikap menghargai alam, hormat-patuh karo wong tuwo, pantun, dll. Conton: Cublak – Cublak Suweng. Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Lirik Cublak cublak suweng Suwenge ting gelèntèr Mambu ketundhung gudèl Pak empong lera-léré Sapa ngguyu ndelikkaké Sir sir pong dhelé gosong Sir sir pong dhelé gosong Lir – Ilir Tembang ilir-ilir menika tembang dolanan laré-laré alit jaman kawuri lan miturut criyosipun simbah-simbah ingkang nganggit inggih punika kanjeng Sunan Bonang. Tembang menika ngandhut falsafah agami ingkang lebet, ingkang maringi pepadhang dhumateng bebrayan agung ing tanah Jawi kala semanten, amrih sageta ngugemi dhawuhipun Gusti ingkang Maha Welas Asih marang sedanten umatipun.
Lirik Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané. yo surako surak hiyo. Tembang Dolanan Jawa liyane Padhang Bulan Yo prakanca dolanan ing njaba Padhang mbulan padhangé kaya rina Rembulané kang ngawé-awé Ngélikaké aja turu soré-soré Te Kate Dipanah Te kate dipanah dipanah ngisor gelagah ana manuk konde-onde mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate Gundhul Pacul Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan Jaranan jaranan-jaranan… jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher Kidang Talun Kidang talun mangan kacang, talun mil kethemil, mil kethemil si kidang mangan lembayung Gajah belang duwe anak, belang nuk renggunuk, nuk renggunuk Pitik Tukung Aku duwe pitik, pitik tukung saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu Ono seng jek do apal lagu – lagu iki ? mbel nek do apal.(Iman'z Tetap Berjuang)
0 komentar:
Posting Komentar